celoteh

Total Tayangan Halaman

Selasa, 30 Juli 2013

IKAN SAPU-SAPU (Cakar lumut) penjajah ekosistem sungaiku"KALI RAHU"

            Awal mula aku mengenal ikan sapu-sapu,atau yg punya nama ilmiah Hypostomus  Plecostomus ,utowo nek wong jowo koyo nggonku blitar kene ngarani iwak cakar lumut,ini sekitar awal tahun 80 an,sebab dulu banyak di jual belikan sebagai ikan hias,teringat dulu sering beli ikan ini pada penjual ikan di pintu masuk pasar lodoyo sbelah timur,seperti namanya ikan (cakar lumut ,jowone) ini  ,memang punya kebiasaan memakan alga atau sejenis lumut air,dulu orang 2 sering beli ikan ini karena di anggap bisa membersih kan lumut di bak mandi (jeding) walaupun sebernarnya kalau diamati lebih teliti ndak sesuai dg harapan ,oke lumut memang di santapnya ,tapi perhatikan juga kotoran yg di timbulkanya,wooww numpuk dan  jadi semacam pupuk buat tumbuhnya lumut baru  semakin subur,apalagi baunya yg bikin amis air di bak mandi.....

MBAH MOEDJAIR (PENEMU IKAN MUJAER DARI BLITAR


Kanggene bocah2 mancinger (penggawene mancing/senengane mancing) sak mestine wes do weruh sing jenenge iwak mujaer,iyo bener ,iwak laut biyen wong2 nek ngarani,nek disawang iwak mujaer ki pancen meh mirip iwak nila,yo meng bedo kelir ,yen mujaer rupane rodo peteng ,semu ijo terus corak e luweh kandel,dene iwak nila rupane semu abang,nek mujaer ki paling gedi yo mung 4 jarian sampek 5 jarian,bedo karo nila seng iso sampek punjul soko setabokan, iwak mujaer ki asline ngono soko daerah afrika,jeneng latine oreochromis mossambicus,uripe neng banyu segoro,la tapi sak iki kok iso urip neng banyu towo,turut kali turut kalen ????????? yo iki seng arep tak critakne neng kene,nek ngomongne iwak mujaer mesti ora uwal soko jenenge mbah moedjair,
yo mergo mbah moedjair iki iwak mujaer iso tumangkar nganti dinane iki.iseh akeh konco2 mancing blitaran seng malah durung tepung karo mbah moedjair,..

Minggu, 28 Juli 2013

LUWENG /TUNGKU KAYU BAKAR

                    
Ora susah kakean cangkem nek panncen kowe ,tau urip lan digedekne nang ndeso,kon mestine wes tau weruh gambar ning nduwur kuwi sak orane ngerti jenenge
luwengan,mboh weneh yen kowe podo gengsi njur ra gelem ngakoni !!!

LUWENGAN saiki akeh sing kondha jare ndak ramah lingkungan,kampungan ,primitif,
sing kurang praktislah,seng anulah,ah mbohlah,,,sak karepmu.yo pancen saiki wes jamane
kompor gas,rata rata saben ngomah wes do nduwe kompor gas,embuh tuku dewe opo
dum duman naliko semono,ewodene nek dipikir jebul luwenganki iseh luwih aman tinim
bang kompor gas seng nggawe tabung 3 kiloan,

Jumat, 26 Juli 2013

NOSTALGIA PEMANCING NDESO

iIKI wes meh riyoyo.dilut engkas kabeh seng do lungo podo teko,bali muleh nang deso ,ketemu sanak keluargo,kadhang sutresno,ora lali ketemu poro konco ,mbuh konco sekolah,konco ngarit ,konco cirak naliko cilik mbiyen,konco bal balan.konco jumpritan,entik,senenan,soro gompo po mbek-embek an jaman semono,

ning sayange ono sebagian konco mancingku seng ora biso mulih utowo jare tembung kromone ,bisa dipastikan,amargo wes do dipundut sing kuoso,,ninggalke alam ndunyo,koyoto,si kecap ,mbotul, kang no kithor ,kang khoiri,jamal,gales,demien kluyuR,kek met,begog,lsp,,,ning yo ra ngopo pancen wes garise sing kuwoso ,menehi umur mung tekan semono,,yo mung dungoku wae mugo2 di ngapuro kabeh dusoku lan dusomu,,padhango dalanmu,jembaro kuburmu,,diakeni umate kanjeng nabi .....amin..

Kamis, 25 Juli 2013

IKAN GABUS (KUTHUK)



Ikan gabus adalah sejenis ikan predator yang hidup di air tawar. Ikan ini dikenal dengan banyak nama di pelbagai daerah: bocek dari riau, aruan, haruan (Mly.,Bjn), kocolan (Btw.), bogo (Sd.), bayong, bogo, licingan (Bms.), kutuk (Jw.), kabos (Mhs.) dan lain-lain. Dalam bahasa Inggris juga disebut dengan berbagai nama seperti common snakehead, snakehead murrel, chevron snakehead, striped snakehead dan juga aruan. Nama ilmiahnya adalah Channa striata (Bloch, 1793).

Jumat, 19 Juli 2013

SI GEMBROT (BOTHOK SEMBUKAN)


Dasar awak yen apes,mancing setengahari,yo ora ono seng gondol.wes banyune bening ,anyep sisan ,jan jane ngono iseh ketoro ono siji loro iwak nila patang drijian sing ngambang,ha nanging yangopo embuh kog yo ra gelem mangan .malah sajak ngece ,nglabeng turut pucuk kimpulan  nganti lumut golekan wingi meh entek gusis urung ono sing nyantol .padahal ilat wes kemecer kepengin madhang nila bumbu rujak ......