celoteh

Total Tayangan Halaman

Minggu, 28 Juli 2013

LUWENG /TUNGKU KAYU BAKAR

                    
Ora susah kakean cangkem nek panncen kowe ,tau urip lan digedekne nang ndeso,kon mestine wes tau weruh gambar ning nduwur kuwi sak orane ngerti jenenge
luwengan,mboh weneh yen kowe podo gengsi njur ra gelem ngakoni !!!

LUWENGAN saiki akeh sing kondha jare ndak ramah lingkungan,kampungan ,primitif,
sing kurang praktislah,seng anulah,ah mbohlah,,,sak karepmu.yo pancen saiki wes jamane
kompor gas,rata rata saben ngomah wes do nduwe kompor gas,embuh tuku dewe opo
dum duman naliko semono,ewodene nek dipikir jebul luwenganki iseh luwih aman tinim
bang kompor gas seng nggawe tabung 3 kiloan,


kawit aku cilik nganti duwe anak cilik cilik,durung tau krungu ono luwengan kog mbledos bin
njeblug,opo maneh nganti nggondol nyawa...nek mung tar tor ngageti sing cethik geni kuwi
wis biasa po meneh yen dong nggawe kayu pring sing durung sigaran .ros rosane iseh wutuh
ngono kae.....

                luwengan takan tergerus jaman ,koyo gambar luwengan ing pawon mburi omahku 
nduwur kuwi,pancen saiki wes arang di gawe ,paling yo mung nek wayae adang gedhe,dong
slametan po pas duwe gae,ngono kae ...kuwi nek luwengan sing gedhe,nek sing koyo gambar
ngisor iki..
ora kalah koyo sofware komputer ,luwengan ki yo up to date ,koyo gambar nduwur iki,iki update
tan luwengan seng anyar ,soko lemah campuran kaolin ,sing luwih ngirit bahan bakar, cukup
nganggo rincik ,kayu cilik2,,,nek luwengan iki nganti saiki isek di gawe karo simbah saben dinane
aku ra ngerti opo sebabe panganan seng diolah neng luwengan ki kog kroso enak  kanggone
ilatku,kususe sego beras yen di dhang neng luweng di banding neng rice cooker ambune wae koyo ngono kae,
po weneh yen wayah esuk usume kembang kapuk bediding ngono kae ,jan sing paling enak ki
api api neng ngarep luwengan ,mbakar jadhah ,nyruput kopi ,nyedhot lintingan 76 klangenan
suedep ,muantebb,nyos konyos joosss..........
               jane ngono yo ora ngopo opo masak ngganggo kompor gas opo listrik ,ning opo salahe
to nduwe luweng ,raketang cilik cilikan,sing penting keno nggo adhang...dadi kelingan naliko
kondangan kenduren neng mae tonggo ngarepan,,nganti suwe punjul teko telung jam,durung dilekasi olehe kendurenan ,undangan yo wes ngumpul kabeh,jebul sego ne durung mateng sebab listrik mau mati,dadi segone iseh wujud karonan neng rice coker,emboh kae trus nunut
adhang ning ngendi,oh luwengan luwengan hayo nggonmu jek duwe luweng pora jali............????

2 komentar:

  1. seeppp info..
    mampir ya ke www.jasaturen.blogspot.com

    BalasHapus
  2. Nek kupate kakehan, gantungno nduwure, ngesuk dibaleni....

    BalasHapus

sak sermu sak karepmu ,arep komentar opo? tak tompo kanti legowo,,ning yo kuwi,kanggone wong urip bebabrayan kudune,yo ngerti tepo sliro,ungah unguh,sopan santun ,koyo adatate wong jowo ,,oke......