celoteh

Total Tayangan Halaman

Jumat, 26 Juli 2013

NOSTALGIA PEMANCING NDESO

iIKI wes meh riyoyo.dilut engkas kabeh seng do lungo podo teko,bali muleh nang deso ,ketemu sanak keluargo,kadhang sutresno,ora lali ketemu poro konco ,mbuh konco sekolah,konco ngarit ,konco cirak naliko cilik mbiyen,konco bal balan.konco jumpritan,entik,senenan,soro gompo po mbek-embek an jaman semono,

ning sayange ono sebagian konco mancingku seng ora biso mulih utowo jare tembung kromone ,bisa dipastikan,amargo wes do dipundut sing kuoso,,ninggalke alam ndunyo,koyoto,si kecap ,mbotul, kang no kithor ,kang khoiri,jamal,gales,demien kluyuR,kek met,begog,lsp,,,ning yo ra ngopo pancen wes garise sing kuwoso ,menehi umur mung tekan semono,,yo mung dungoku wae mugo2 di ngapuro kabeh dusoku lan dusomu,,padhango dalanmu,jembaro kuburmu,,diakeni umate kanjeng nabi .....amin..


ah embuh ,keneng ngopo .jangger (angger)aku ,klitah -klitih ono papringan mburitan pinggir kali kampung kita tercinta kidul pasar lodoyo iki,aku mesti kelingan kowe kabeh,padahal yo iseh akeh konco mancing sing iseh seger buger  nganti dino iki .koyo,gepeng,gendowor,penyot ,sukadi,lan ijeh akeh konco liyane po meneh cah kidul kali sing tambah huakeh do mancing nang kali rau iki....

      yo pancen tak akoni kowe kabeh ki pancen eksentrik,atraktip,antik,primitif,lugu lan trik trik liyane sing aku ra ngerti coro nulise,,,(beda karo bocah saiki sing mung ngertine mancing lumutan) ora koyo kowe kabeh ,biyen...reno reno coromu mancing............???????

Nek jenate(alm) kecap (yeni/jolembung)ki biasane ,senengane mancing ,wader pari,karo wader cakul,nek mancing mesti karo nggowo radio cilek ,palesane nganggo potolane stik bilyard,di sambung fiber pucuke,tau minggat teko umae(nginep mae mbok giyem)saben ndino mancing ning kulone kedung ngisor wit awar -awar.nek mancing mesti pakane roti bolu,wegah nggango cacing ,jarene gilo....nek oleh iwak ,mesti di wadahi plastik bening di cantolne wit-witan cedhake,(karo mindak mindik tau tak jarak tak delikne iwake,hhhh).....mancinge sik amatir ,durung profesional,koyo cah-cah liyane,

Jenate( alm )mbothul(Handriono)nek mbothul ki senengane njegog,karo mancing grameh,biasane gelem mancing nek eroh cah2  liyane entuk iwak,njegogke di tunggoni biasane njegog neng plosotan sor papringan lor etane kedung(saiki wes kurugan longsor)tau melu aku ngluruk mancing neng kidul kali ,nguber grameh,pueeh nggowo tas cilek isi kletikan ,wedhang kopi di wadahi gendul,lan sing mesti ora lali angger mancing mbothul mesti nggowo pimes cilik,mboh dinggo opo ,biasane tak sileh nggo ngewari pancing,nek palesan ora nduwe ,yo mung nyileh walesane kakange,,,(suenenge lek tak kongkon tuku sego njur dipangan bareng ning pinggir kali ,nganti jangger mancing mesti nekoni aku ,"we ra luwe,,,tuku sego iye.. ndi..tak tukokne,,,",hoalah thul mbothul,,saiki anakmu wes gedhe ,ki wes lekas mlebu sd..)kadang nggowo lengo fanbo,njur di tetes2 ne ning barongan pring ,nggo medeni kancane(kecuali aku dhemite kali rau)ben di kiro enek peri,,iso ae...(mbothul ki emboh piye kog koyo tertarik babakan mistik,,kelingan naliko mulih teko kalimantan ra enthuk duwit mung nggowo ,parang made in kalimantan karo kayu setigi)

Jenate (alm) kang no kithor,nek iki mancinge wes profesinal ning yo mung lokalan wae kali rau,wiwit njegog,waderan ,baderan,kimpulan,centulan,kileman,(kecuali lumutan ,mergo ra iso golek lumut)kabeh iso,yo soko kang no kithor iki aku iso tali temali,senar pancing,,lan sethitik iso ngerti carane gawe walesan soko pring,(pancen pengaweane mung gulawentah pring,ngirati pring kanggo tompo po kukusan,kadang yo ngladeni pesenan sunduk sate,kandang pitik ,pokoke bongsone kerajinan soko pring)dadi yo ngerti masalah per peringan,,wayahe ngethok pring sing apik,carane narang yen arep gawe walesan,ngirati,po ngamplas nganggo dong jati,jan telaten tenan,.......sing tak elingi yen wayah mancing ngono kae,nek ngepasi usume badher moyek,iseh esuk mesthi wes wira-wiri golek telek (inggrisE,T41) njur ibut ngg0wo tugelan boto ,po cuwilan gentheng,ora lali nyangking soletan,njur ndeprok mancing,nglothek telek,kkkkkkk,,mboh jaman semono ,aku kog yo krasan men mancing neng sandinge ,karo nyawang olehe nglothek ,jan koyo pakar lothekan tenan yen lagi masang umpan telek,di lat let nganggo solet ,puadahal ambune yo ngono kae,haduh,ning olehe mesti gede2,kadang tau aku sampek tergoda,pengen njajal,ning tak kon nglotekne kono,,sebab ora tegel arep nglothek dewe....hoalah kang,kang golek iwak semono kog direwangi nganti koyo ngono.............(ijeh kelingan 3 dino sakdurunge matimu koe mblajari aku gawe tali tutus,iratan pring,nganti patang macem model tali tutus,, suwon yo kang,,,)

Saiki gilirane jenate (alm)kang khoiri.nek iki tak juluki pemancing expedisi,walesane apik2,jaman semono (ora kroso 20 thn punjul)wes duwe palesan ododtan,sak rile sisan ning yo iseh tlaten nggawe dhewe walesan pring ,nek gawe jan nganti gilik mulus kae,nek mancing mesti karo nyangking bedil,jaman semono mancinge mesti ngedoh karo konco2,mergo kerep nggo gojlokan,ning deweke mesti ngomong "wes aku tak mancing kono timbang saingan "hahahaha,pdhl mung ngeles timbang di gojlogki,berkat,dia,akeh spot,spot ,pemancingan baru,nganti tekan uetan,(karo iso nginceng anake geyong adus barang)nangging siji sing tak sesali ,biyen sakdurenge,mati kang khoiri tau ngomong ambek aku ""awakmu kerep mancing bengi neng bengawan ie?mbok aku di jak,aku yo gelem lo????.seng nganti sprene urung tak turuti......

iki pemancing sing kreatif ,jenate (alm)jamal,yo mergo penggaweane sing tukang ider lemari nganti luwar kutho,dadi jangger mulih mesti nggowo pengalaman anyar bab mancing soko njobo,,koyoto pancing jaring,rankaian pancing sing reno2,pokoke coro mancing seng aneh2 kae ,nek bekakase golek iwak jan komplit,,soko ,jolo,jaring,wuwu,seser,nduwe kabeh,walesane yo apik apik,ning yo kuwi saking kreatife,malah jarang oleh iwak neng kali rau,la piye,wong pancing jaring seng kudune nggo mancing neng kali seng banyune deres di enggo neng kali rau seng anteng banyune,,,mal jamal,,,ning salut karo koe,senajan to seneng golek iwak  ,kowe ra doyan mangan iwak kali,dadi oleh2mu iwak mesti tok wenehne wong liya,,,yo wes mugo2 ngamalmu ketompo,,,

jenate gales,iki pemancing unik,saking unike nganti naliko matine maesane di gambari iwak bader karo bocah bocah.sakliyane unik ,kang gales ki yo suabar nek mancing,walesane yo mung pring sak onone,ning malah kerep oleh iwak gedhe,carane mancing yo guyokne,diuncalne ,terus digletakno ngono wae,,,jan unik kae ,ning ndilalah kog yo akeh mejere,,,

wes nek arep crito seng siji iki aku mesthi kuekele,,jenate mien kluyur,gkgkgkgk...jan kocak kae,cah2 tukang mancing mesti gerrre yen kelingan,mboh nyang ngopo mien kluyorki,kog lulutmen karo aku,yo wong2 pancen akeh seng nganggep kluyur,wong bodo,lan reno2,ning kanggoku,aku ora mbedak2 ake,yo mung terlaluu lugune,kluyur,,,,nek tak critakne mesti rano enteke,,wes uatos wetengku arep nulis ning kene ,sementara,tak arsipne,kapan2 tak gek ne tread dewe.....haduh yurr kluyuurrrrr........

jenate(alm)kek met,nek kek met iki mancinge soko kidul kali ,wonge wes tuwo lemu bunder dadi nek di sawang ko nggonku lor kali ,koyo onde2  glundung ning sor pager,,mancinge pener kidul bendo tegalanku,tau gawe kagete cah mancing lor kali,bengak bengoknjaluk tulung,tibake bingung pas oleh bulus gedi .naliko mancing centul,,,kek met ki yo tau dadi guyon naliko tau kepleset nganti nyemplung blung,ngantuk paling ,tujune kog iso nglangi..

jenate begog ,nek iki spesialis mancing segrek,ora nggawe umpan ,mung gawe pancing lan palesan cendhek di segrak segrekne sor grojokan,iseh esuk uthuk2 mesti wes ndekem neng barongan ori kidul kali pener grojogkan tahu duweke juari..,mesake temen naliko mati ora konangan nganti kaku ono omae.........

wes yo semene dhisik seng iso tak critakne,wong yo iki mau serku ki nulis bab sing ora ono hubungane karo mancing opo meneh karo seng tak critake nduwur kuwi ,nanging emboh tanganku kog yo ndridil nulis konco2 mancingku seng wes do mati.......tak delok tanggalan lha kog yo pas  malem jemuah legi .....haduh ,,,,prindinng githokku ,,,,,ning mringis untuku
,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,cuthel........................................................

4 komentar:

  1. Salam kenal yo ..aku bocah lor langgar lapanvan brubuh

    BalasHapus
  2. Mas lek kulo mudik teng blitar pengen diajari mancing teng laut selatan.. Niki hp kulo 083832656323 matur nuwun. Di tunggu sms.ipun

    BalasHapus
  3. Mas lek kulo mudik teng blitar pengen diajari mancing teng laut selatan.. Niki hp kulo 083832656323 matur nuwun. Di tunggu sms.ipun

    BalasHapus
  4. Mas lek kulo mudik teng blitar pengen diajari mancing teng laut selatan.. Niki hp kulo 083832656323 matur nuwun. Di tunggu sms.ipun

    BalasHapus

sak sermu sak karepmu ,arep komentar opo? tak tompo kanti legowo,,ning yo kuwi,kanggone wong urip bebabrayan kudune,yo ngerti tepo sliro,ungah unguh,sopan santun ,koyo adatate wong jowo ,,oke......