celoteh

Total Tayangan Halaman

Minggu, 23 Juni 2013

PASAR LODOYO bag 1 (dongengku untuk mentari)

               Pasar lodoyo ,sebuah tempat yg tak kan pernah lepas dari kehidupanku,,entah sejak kapan tempat ini didirikan,aku kurang tahu,sejak aku lahir pasar ini sudah ada walauppun nggak sebesar and segede,dan seluas sekarang,namun ,dulu lebih teratur dan penuh perencanaan yg matang,contohnya tentang ada nya sumur di tengah pasar (bekasnya msh ada cuman udh nggak terawat dan tidak dpt di pergunakan lagi karna penuh dg sampah,ironis memang)orang dulu emang nggak sepintar seperti sekarang,tapi dengan sedikit kepandaian mereka.bisa mengoptimalkan,coba bayangkan andai terjadi kebakaran pasti kita nggak akan kelabakan,sumur plus tandon air besar diatasnya udah di sediakan,tinggal merawat aja kog susah amat,dulu penataan los pasar juga rapi ,ini los buat warung ,itu los buat bakul kain,sini nggo mracang ,situ bakul janganan,kene bakul daging ,kono palenan,ndak seperti saat  ini anda akan keturutan untuk beli baju rasa soto,atau kathok rasa lombok,!!!sueger co!!!.


namanya juga pasar nek kakean di atur malah ajur,kembali menengok ke belakang,,biyen ketika bin naliko isih ada dino pasaran ,saben dino pasaran mboh legi po paing,pasare jian rame tenan
akeh wong soko nggunung sing do mudhun kulakan dagangan ,aku iseh kelingan nek ngepasi dino pasaran mbok mbok bakul tape ,bakul godhong jati ,bakul gethuk isuk uthuk uthuk wes teko pasar karo nggawo oncor,,biyen  rung enek tes kresek ,opo opo yo mung di buntel godong jati,yo sebagian ono seng di buntel kertas payung,yg aku heran begitu kuat nya simbok simbok ,sepuh itu berjalan,bayangno ae karo nggendong rinjing kebak dagangan mlaku soko njemblong,kepek ,malah ono sing ko ngeni barang mlaku tekan pasar lodoyo.

yen dino pasarane ngepasi pasaran wedus senen karo jemuah,wah swarane pasar jian iso gemonthang kumandhange ,malah jare ono seng kondho tekan lor kali barang iseh krungu swarane,aku karo konco -konco bocah pasar sueneng banget yen tibo dino senen po jemuah  biasane yen iseh esuk mesti ono wong slametan jajan pasar kanggo nylameti kebo opo sapine mboh nylameti piye aku durung ngerti,sing tak ilingi kebone po sapine mesti dikalungi kembang terus sawise di kajatne kabeh do rebutan jajan pasar .njur ndelok kethek po ulo,biyen jangger senen po jemuah mesti ono bakul jamu sing nggawo kethek po ulo nggo tontonan ,kadang juga enek atraksi sulape barang karo akrobat,jan betul -betul kreatif untuk mengumpulkan orang'(kelingan bedhes markeso karo ulone mbah nongko sing dowo) saiki wes ra ono bakul obat ,bakul jamu koyo biyen 'apotikwes bukak neng ndi endi.......

nek ngomogne jajanan jaman biyen wes jan akeh tenan,seng rodo modern mbiyen ki es bethet  rp 25 repes sing cilik gilikdowo ,nek sing kothak rp 50,aku tau utang mergo mundhak 75 regone ning karo bakule diomongi''wes ra popo le seket ae.tapi sesok pitulimo yo'' ,enggeh,saurku karo plengah plengoh,nek ireng2,cenil ,kicak,lopis,lan sebangsane tak kiro saiki ijeh ono,lan malah iso ngetren maneh saikine,seng saiki wes longko lan angel golek ane ki panganan sumsum biyen sing dodol mbok kasim .regone manut seng tuku(nek bakul lopis seng luewu kae opo jik urip yo)nek rodo awan biasane tuku rujak buah ,sing dodol mboke wardi lek dasar neng dasarane mbah gempol porong ,saiki dienggoni kiose mbak ten kain,opo tuku blondo nggene lik mun lengo.lapis nggene mbok mis ,obat anget embuh biyen sing dodol jenenge sopo,neksurup tuku sawute lik cikrak ,dhasare neng gawangan etan ,mburine pak marsum bakulgule ,etane tumiran tembel.
badhek laos mbok genuk ,po beras kencure mbok jembres,mbah rah,jan sueger,,nek seng rodo extrem ki cenceman badhek tape ketan ireng sing biasane ngge uborampe ne sajen ,nggone mbok wek sanding sumur jan iso nggliyeng2 piye ngono..
dilanjut  PASAR LODOYO bag 2>>>>>>>>>>>

1 komentar:

sak sermu sak karepmu ,arep komentar opo? tak tompo kanti legowo,,ning yo kuwi,kanggone wong urip bebabrayan kudune,yo ngerti tepo sliro,ungah unguh,sopan santun ,koyo adatate wong jowo ,,oke......